Minggu, 16 Desember 2007

Pituduh

Pangeran iki maha kuwasa,
pepesthen saka karsaning Pangeran ora ana sing bisa murungake.

Pangeran iku nitahake sira jalaran bapa lan biyungira,
mula kudu sira ngurmati bapa lan biyungira.

Aja sira wani marang wongtuwanira,
jalaran sira bakal kena bendhu saka kang murbeng dumadi

Aja gampang nyepatani anak nganggo tembung kang ora prayoga,
jalaran sepatane wongtuwa bisa numusi sarta bisa ngilangake rasa bektine anak marang wongtuwa

Aja sira nyacad pinyandeling wong liya,
jalaran durung mesti yen pinyandelira iku sing bener dhewe

Yen sira dibeciki liyan tulisen ing watu supaya ora ilang lan tansah kelingan,
yen sira gawe kebecikan marang liyan tulisen ing lemah supaya enggal ilang lan ora kelingan

watake manungsa iku kepengin kuwasa,
ananging pangeran iku bakal maringake kuwasa miturut kersane

ngelmu iku kelakon kanthi laku,
senajan akeh ngelmune lamun ora ditangkarake lan digunakake,
ngelmu iku tanpa guna

Wong kang ora weruh tatakrama udanagara (unggah-ungguh),
iku padha karo ora bisa ngrasakake rasa nem warna
(legi, kecut, asem, asin, pedhes, lan pait)

Aja mung kelingan lan migatekake barang kang katon bae,
sebab kang katon gumelar iki anane malah ora langgeng.

Janma iku tan kena kinaya ngapa,
mula sira aja seneng ngaku lan rumangsa pinter dhewe.

Aja sira rumangsa bener dhewe,
jalaran ing donya iki ora ana sing bener dhewe.

Kahanan kang ana iki ora suwe mesti ngalami owah gingsir,
mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah.

Aja sira mulang gething marang liyan,
jalaran iku bakal nandhur cecongkrahan kang ora ana uwis-uwise.

Kahanan donya iku ora langgeng,
mula aja ngegungake kasugihan lan drajadira,
awit samangsa wolak-waliking jaman ora kisinan.

bangsa iku minangka sarana kuwating nagara,
mula aja nglirwakake kabangsanira pribadi supaya antuk kanugrahan adeging bangsan kang andana warih

Aja panasten lan aja seneng gawe gendra,
jalaran gawe gendra iku sipating demit.

Wong linuwih iku kudu bisa ngepek ati lan ngepenakake atine liyan.
Yen kumpul karo mitra kudu bisa ngetrapake tembung kang manis, kang pedhes, sepet, bisa gawe senenging ati.

Sing sapa seneng ngrusak katentremane liyanbakal dibendhu dening pangeran lan diwelehake marang tumindhake dhewe.

Tidak ada komentar: