Minggu, 16 Desember 2007

Asmaradana

Padha netepana ugi
kabeh parentahe sarak
terusna lair batine
sholat limang wektu uga
tan kena tininggala
sapa tinggal dadi gabug
yen maksih remen ing praja

wiwitane badan iki
iya saking sarengat
anane manungsa kiye
rukune islam lelima
tan kena tininggala
pan iku perabot agung
mungguh uripe neng donya

Tidak ada komentar: